Sabtu, 30 Oktober 2010

SANGKAN PARANING DUMADI

SANGKAN PARANING DUMADI
--------------------------------------
kawedar mdamel boso ngoko..supados saget dipun penggalih ..sedulur ingkang mboten saget kromo..inggil..pangapunten .

sak durunge manungso dumadi/utowo sakdurunge manungso lair ono alam ndonyo..manungso iku durung duwe jeneng (asmo/asma/nami/nama/aran/juluk/tetenger) ateges durung ono (utowo ORA ONO).
sak wise manungso lahir/dumadi ..lagi duwe jeneng (asmo/asma/nami/nama/aran/juluk) ateges ONO, yen mangkono manungso iku asale ORA ONO banjur ONO lan mbesuk bakal bali ORA ONO.maneh utowo (NIRWONO)/SAMPURNO
(Sesungguhnya kami adalah milik Allah dan kepada-Nya-lah kami kembali
Al-Baqarah:156)


DENE syarat 2e kanggo bisane anggayuh papan kang bakal tekan sejatine urip kang langgeng mau.ora ujare sopo2 nanging amung anetepi kawruh kang temen2 lahir bathin di weruhi yo iku jeneng kaweruh,ateges temen2 weruh jeneng kaweruh.
syarat 2 iku bener dudu bener tumrape manungso..hananging bener tumrape (........) WONG JOWO ORA WANI NYEBUT ASMANE AMARGO NJANGKAR /ORA SOPAN...yo iku gusti kang akaryo jagatgumelar..


PANGERTEN BAB ROSO LAN ROS ROSING ROSO
----------------------------------------------------------
ROSO yoiku pirantine urip... ROS ROSING ROSO yoiku getetane tetenger (utowo pilah2 ing roso) tegese roso iki ,roso ngene,roso ngono,roso mau kabeh..kawengku ing roso sawutuh(ROSO SEJATI)

ROSO SEJATI yoiku roso kang ora biso owah gingsir.


pilah pilahing roso sarono ros rosing roso.....roso mau kabeh kelet lengket ing badan alus lan wadag..
conto..roso kecut ,legi ,pedes ,asin,getir ,pahit ,gurih ,lan liyane iku roso..ono ing rosone ilat,termasuk roso ing badan wadag..

ono ing kene krasan ono ing kono krasan ..ono ngendi2 krasan, semono ugo roso gething,roso tresno,gemes ,pegel ,dendam, susah,bungah,iku mau ono ing ROSONING ATI (manah)

ROSO kojur,mujur,eling,lali,getun,iklash,welas asih,nelongso..puniko .ono ngendi2 ono lan ugo kroso ing bathin/budi/angono iku kalebu ROSONING PIKIR

rehne wis cetho kabeh ROS ROSING ROSO,conto yen jangane kurang asin..lha iki cukup ditambahi uyah,ora susah banjur pegel..lan yen pekoro jangan kurang uyah bae banjur pegel ,nesu,lan muring2..yo iki sing di arani durung weRUH (ngerti) marang ROS ROSING ROSO

PANGERTEN BAB (REH MANGUKUT/WARONGKO MANJING CURIGO)
------------------------------------------------------------------------------------

Tegese..REH MANGUKUT iku..JIWO angukut ROGO, JIWO angringkes badan wadag.yen samongso iki badan wadag ono ing njobo,jiwo ono ing njero..
HANANGING YEN KAKUKUT, SANG jiwo angringkes badan wadag lumebu sak jeroning JIWO,
JIWO ing kene ateges badan alus,banjur linambangake WARONGKO MANJING CURIGO
poro ahli kebatinan/kasampurnan podho nggayuh sing koyo mangkono iku..yen manungso wis mangerti bab REH MANGUKUT..wong mau keno diarani SARJONO /SUJONO..keno ugo diarani WONG SEPUH,LIR ING SEPUH./wongsepuh mau..
1.sepi howo
2.sepi ing pamuring
3.sepi ing pepinginan
4. anane mung urip sak lumrahe manungso lumrah.
(SEPI HOWO AWAS LORONING ATUNGIL/ATUNGGAL)



BAB TEMBUNG KEBATHINAN
----------------------------------

TEMBUNG KEBATHINAN
tegese:OLAH BATHIN/NGOLAH BATHIN..ingih puniko ngladi tumindak engkang sae sae..jumbuh..antarane tumindak lan pangucap jumbuh lair lan bathine supoyo manungso gesang iku biso sampurno uripe ono donyo aherat tansah tumindak samubarang kabecik an ninggal sekabehing laranganipun GUSTI ING MOHO SUCI.

BAB TEMBUNG NGELMU
-----------------------------
NGELMU iku kelakone kanti lelaku ..ngono iku cetho banget lan wenteh. yen wis ngerti kudu di lakoni/ditindak ake,yen to ora banjur aran ORA KELAKON...ateges muspro ngelmune,kasare rembug ono unen unen PINTER CRITO NANGING TINDAKE CACAT ORA RUMONGSO..opoto sejatine ngelmu iku.?

NGELMU yoiku..KAWERUH SESURUPANING BATHIN,
Lha yen wis katindakake kudu kanthi mantepe budi,nelukake angkoro murko ninggal tindak kang sarwo olo.

BAB TEMBUNG GUSTI
--------------------------
(BAB GUSTI)
GUSTI iku soko tembung bagus ati utowo (bagusing ati) ati kang bagus iku ati kang resik suci/dumunung ono hyang widhi (gusti kang akaryo jagat ) mulo manungso yen biso nyucek ake atine lurus tumindak e luhur budine ,temen suci,/resik. ateges biso njumbuhake lahir lan bathine yo iku sing di arani manunggale kawulo lan gusti.

BAB GHAIB ING GUSTI
----------------------------
kang di arani tembung ghaib iku tegese sawijining barang kang SAMAR. barang kang samar iku tegese,sawijining barang kang ora keno di grayang nganggo tangan,kang ora keno di deleng nganggo mripat,kang di arani cedak tanpo senggolan wadoh tanpo wangenan,gedene sak mrico binubut.

DUNUNGE TEMBUNG AKU LAN SIR
-------------------------------------------
A:ALLAH
KU:KUASA
SI:SIFAT ROHMAN
R: ROHIM


PANGERTEN BAB LORO 2 NING ATUNGGAL...
-----------------------------------------------------
tegese...loro nanging nyawiji..
dununge: ono ing jiwo lan rogo
JIWO iku pindane GUSTI
ROGO:iku pnindane KAWULO
manunggale kawulo lan gusti yo iku kang di arani LORO 2 NE ATUNGGAL temenan kang sinebut AMOR.


TELU TELU NING ATUNGGAL (DUNUNGE) ONO
-------------------------------------------------------
1.tetenger:(jeneng/asmo/asma/nami/nama/aran/juluk/tetenger)
2.ingsun:(AKU)rogo wadag(rogo sawutuh)
3. urip: (ALLAH)

SEMBAH ROGO: sembahing awak/rogo(utowobadan wadag)
CONTO:sembahyang semedi

SEMBAH CIPTO(KALBU):sembahe pikir/akal

SEMBAH JIWO: sembahe mental,budi (karakter)

SEMBAH ROSO: pirantosing gesang ingkang tansah wonten korban perasaan.



KAWERUH BAB ONGKO 0 NGANTI 20 KANG ONO GANDENGE MARANG SIFAT 20
----------------------------------------------------------------------------------------------------

ONGKO 0 = nol ,tegese nunjuk ake yen kosong,lungguhe ono bocah cilik isih kosong durung duweni kaweruh/pangerten opo opo/wang -wung.

ONGKO 1 = SIJI , tegese soko tembung isi lan aji (isine aji) dudu ajine mas picis rojo brono.nanging ajine DIRI PRIBADI, dununge wong kang becik diri pribadine bakal di aji 2 karo sak podo padane mulo siji lungguhe ono ing GUSTI soko tembung BAGUSING ATI sing mujudake ongko siji (1) iku ongko 0 (nol) utowo ujude ongko siji iku soko ongko nol.

ONGKO 2 = (LORO), dununge ono bopo lan biyung,lungguhe isi donyo iku loro cacahe,ono bungah ono susah,ono rogo ono sukmo,ono awan ono bengi,ono lanang ono wadon..lan sakteruse.

ONGKO 3 = (TELU) dununge manungso duwe sifat telung prakoro, URIP,ROSO,ROGO/GOLEK.NYEKEK,MATEK,tumrap bebrayan BOPO,IBU , ANAK.


ONGKO 4= (PAPAT) , dununge.manungso due sedulur papat,
1. mutmainah rupane putih-banyu.
2.amarah rupane abang- getih.
3. supiah rupane kuning-angin.
4.aluamah rupane ireng- lemah.
yen ono petungan keno ugo keblat papat.


ONGKO 5-(LIMO) dununge ono keblat papat limo pancer/lungguhe yen ono toto lahir ono ing ZISIM lan sing mikul pendoso.

ONGKO 6=(NEM) soko tembung= nemu dununge ono sedulur papat limo pancer 6,ono ing ayang2an ,
toto lahir ono ing wetan,kidul,kulon ,lor,duwur lan ngisor.

ONGKO 7 =(PITU) lungguhe ono dino akad,senin,seloso,rebo,kamis,jum'at,sabtu /onone kulit,daging,balung,sungsum,otot,lan getih.

ONGKO 8 =(WOLU) tegese ojo uwal marang barang kang sing perlu ,tamtunipun tindak ingkang sae sampun ngatos lirwa ake ,lungguhe ono SEWINDHU 8 wolong tahun (WALI WOLU).

ONGKO 9- (SONGO) iku pangertene bayi iku topo ono guwo garbane ibu suwene 9 sasi (umumipun),
lungguhe ono ing wali wolu songo tinari/tinutup.

ONGKO 10=(SEPULUH) dumadi soko ongko 1 lan 0...ongko iki wis paring sasmito marang manungso yoiku kumpule kawulo lan gusti,kang diarani SILIH -SINILIHAN.tegese= urip yen ora nyilih/nganggo ROGO biso mobah mosik kasampar kasandung prasasat tanpo aji.semono ugo ROGO yen wis dioncati dening URIP yo yo wis ora mobah mosik,tanpo aji,terange maneh,ongko 1,(siji) yen ora nganggo ongko nol (0) ora biso muni ongko sepuluh.

ONGKO 11=(SEWELAS) dumadine ongko sewelas paring pasemon marang kito naliko bopo lan biyung dadi temanten di jejerake/di temok ake.

ONGKO 12 =(RO LAS) 1.SIJI tegese URIP 2. tegese lanang /wadon yo bopo yo biyung pangertene 12 (rong elas) UTOWO RONG IJI / URIP 1 SIJI ngerong ono / manggon ono wong 2 (loro)yo bopo biyung.

Ongko 13= (telulas) tegese URIP iku nguripi telung prakoro, dununge
1.nguripi manungso.
2. nguripi kewan2.
3.nguripi wit witan lan jagad sak isine.

ONGKO 14=(PAT BELAS) tegese URIP IKU NGURIPI PATANG PRAKORO.
1.NGURIPI BANYU.
2.NGURIPI GENI.
3. NGURIPI ANGIN.
4.NGURIPI LEMAH.

ONGKO 15=(LIMOLAS) tegese URIP NGURIPI LIMANG PRAKORO.
1.NGURIPI KUPING.(PANGRUNGU)
2.NGURIPI MRIPAT.(PANDELENG)
3.NGURIPI IRUNG.(PANGAMBU)
4.NGURIPI CANGKEM/LAMBE (PANGRAOS)
5.NGURIPI ILAT(PENGECAP)

ONGKO 16=(ENEM BELAS) tegese URIP NGURIPI 6 PRAKORO.
1.NGURIPI MUTMAINAH
2.NGURIPI AMARAH.
3.NGURIPI SUPIAH
4.NGURIPI ALUAMAH
5.NGURIPI AYANG-AYANGAN
6. NGURIPI WUJUD GLEGER.


ONKO 17 = (PITULAS) tegese URIP NGURIPI 7 PRAKORO.
1.NGURIPI WULU
2.NGURIPI KULIT
3.NGURIPI DAGING.
4.NGURIPI BALUNG.
5. NGURIPI SUNGSUM.
6. NGURIPI OTOT.
7. NGURIPI GETIH.

ONGKO 18 -(WOLU LAS) tegese URIP IKU NGURIPI WALI 8 KAJOBO NGURIPI ROGONE UGO NGURIPI KALUHURANE/ASMANE. contone... nganti sak iki isi NGGONDO ARUM KALUHURANE LAN ASMANE.
buktine nganti sak iki akeh wong kang podo sujud sumungkem ono ing PASAREANE. koyo ngono iku contone yen titah iku biso ngemong marang URIP KANG SEJATI.

ONGKO 19 = ( SONGO LAS) ateges URIP IKU NGURIPI 9 PRAKORO.
1.NGURIPI KUPING............. 2.(LORO).
2.NGURIPI MRIPAT............. 2 (LORO)
3.NGURIPI BOLONGAN IRUNG 2 (LORO)
4.NGURIPI LESAN ...............1 (SIJI)
5. NGURIPI DUBUR.............. 1 (SIJI)
6. NGURIPI WADI............... 1 (SIJI).
.------------
JUMLAH...........9 (SONGO)

ONGKO 20 =(RONG PULUH?YO SIFAT RONG PULUH
tegese.. URIP IKU NGERONG ONO BOPO LAN BIYUNG WONG LORO KANGGO NGERONG URIP 1 (SIJI) DADI LORO LORONING ATUNGGAL TOTO LAIR ONO ING KONO MULO IKU JEJERE MANUNGSO KENO DI ARANI (SASTRO JENDRO YUNINGRAT) .


(SASTRO JENDRO YUNINGRAT)
tegese TULISING GUSTI KANG CETHO DUMUNUNG ONO WUJUD ING MANUNGSO LANANG LAN WADON.MULO MANUNGSO BISANE NGGAYUH BUDI LUHUR/RAHAYUNING WIWITAN LAN PUNGKASAN,SENAJAN MANUNGSO IKU DIWENANG AKE DUWE KAREP NGGAYUH DONYO BRONO KUDU MANUT MARANG KRENTEG KE ATI KANG RESIK ,BISO O NGEMONG URIP KANG SUCI, NULI BISO SAMPURNO LAIR LAN BATHINE.


KAWERUH BAB AKSORO JOWO/SING DIARANI SIFAT 20(RONG PULUH)
--------------------------------------------------------------------------------------
Aksoro jowo iku cacahe ono :2o (rong puluh) yo iku,
HA,NO CO,RO KO,DO,TO,SO,WO,LO,PO,DHO,JO,YO,NYO,MO,GO,BO,THO,NGO.sifat rongpuluh (20) mau dunuinge ing toto lair ono drijine manungso,tembung2 swiji-sijine iku mau ugo duwe kawibawan/teges dewe2.

HA: HURIP
NA: NUR
CA:CAHYO
RO:ROH
KA:KUMPUL
DA :DAT
TA : TES
SA: SIJI
WA:WUJUD
LA:LANGGENG
PA:PAPAN
DHA:DHAWUH
DJA :DJASAD
YA :NYAGUHI
NYA :NYAH/PASRAH/(NGELUNG AKE)
MA:MARGO/DALAN
GA:GAIB
BA:BABAR
THA:TUKUL
NGA:NGALAM GUMILANG




BAB AKSORO 20 KANG DI GANDENG NGAREP LAN MBURI,WIWITAN ANTUK PUNGKASAN
-------------------------------------------------------------------------------------------------------------

HA+NGA:HANGA tegese : hangen hangen.
NA+THA:NATHA tegese :nutuk
CA+BA :CABA tegese :coblong/bolong.
RA+GA :RAGA tegese :rogo /awak.
KA+MA :KAMA tegese :widji.
DA+NYA:DANYAtegese :donyo/dunia
TA+YA :TAYA tegese :toyo/banyu.
SA+JA :SAJA tegese :siji.
WA+DHA:WADA tegese :wadah.
LA+PA :LAPA tegese :lampus

SIFAT 20 DI JUPUK 9 =11
SONGO(9) soko: aksoro HA.....WA IKU MANGGON ONO SIFAT WONG LANANG,SEBAB WONG LANANG DUWE BOLONGAN SONGO.

SEWELAS(11) soko :aksoro BA....NGA.iku manggon ono sifate wong wadon sebab,wong wadon duwe bolongan sewelas (11) kacek 2(loro)karo wong lanang,lungguhe ono ing tetek.

PANGERTEN BAB HAWA NAFSU
---------------------------------------
HAWA : tegese angkoro/pengaruh angkoro
NAFSU: tegese kekuatan /doyo panyurung

HAWA NAFSU : tegese :angkoro murko kang kasurung dening kekuatane syetan.


BAB SEDULUR PAPAT LIMO PANCER
-------------------------------------------
1. MUTMAINAH : lungguhe ono djantung wujude arupa banyu rupane putih wateke suci tur temen lawange ono IRUNG irung kuwi perangone awak kang temen dewe
conto: ono wong goreng gerih.mripat dulung weruh nanging irung wis weruh,,buktine mambu.yen dinyatakke jebul yo nggoreng gerih temenan.ewo semono isih biso goroh.
conto: trasi ambune ora enak nanging yen di pangan rasane enak,buktine di butuh ake wong akeh.
conto maneh: kembang iku ambune wangi nanging yen di pangan rasane pahit.

2.AMARAH :lungguhe ono empedu (peru) wujude getih ,rupane abang wateke,keras ,angkoro murko/brangasan,lawange.ono.ing kuping.katerangane manungso biso ngrasakake olo l;an becik.margo duwe kuping ,manungso duwe karep olo lan becik margo soko doyone GETIH sebab getih kang gawe mobah mosike karepe manungso. mulo manungso tanp[o getih abang kahanan jagadora bakal rame koyo kang kito lungguhi sak iki.

3.SUPIYAH: lungguhe ono pusuh.wujude angin rupane kuning,wateke nggugu kasenengan utowo ngumbar HOWO NAFSU lawange ono ing mripat.mulo mripat iku keno di arani lanange jagad. mripat kanggo deleng barang gumelar, mulo manungso duwe roso pengen margo mripate weruh,supiah lawangane ono mripat wujude angin kang metu soko IRUNG.


4. ALUAMAH :lungguhe ono ing waduk dene waduk iku gedonge panganan.yen usus gedonge kotoran.ALUAMAH Wujud lemah rupane ireng .wateke seneng ngrasak ake panganan sing enak2 butuhe mung seneng/lan enak2 lawangane ono ing CANGKEM mulo biso ciloko yo soko cangkem soko tembunge dewe.mulo CANGKEM duwe teges: CANCANGEN SUPOYO MINGKEM, tembung olo lan becik iku manggone podo wae mulo tinimbang guneman tembung sing olo olo aluwung sing becik2.


5.DJANGKEPE 5.LIMO yo iku sing di arani URIP KANG NGURIPI PATANG PRAKORO ,KANG KASEBUT ING DUWUR utowo sing di arani sedulur papat(4) kalimo pancer yoiku pancere ono ing URIP
KATERANGANE:MUTMAINAH,AMARAH,SUPIYAH,ALUAMAH ..kabeh di wengku deening URIP.

KEBLAT PAPAT(4) LIMO (5) PANCER ING TOTO LAHIR
----------------------------------------------------------------
manungso duwe tangan tengen
manungso duwe tangan kiwo
manungso duwe sikil tengen
manungso duwe sikil kiwo
kang kalimo(5) yoiku gembung: kang di arani
a.BAITUL MAKMur
B.BAITUL MUKAROM (MUHARAM)
C, BAITUL MUKADAS (MAQDIS)
TETELU MAU keno di arani TELU TELU NING ATUNGGAL.


BIBIT DUMADI
-------------------
1.BAYI UMUR 1.WULAN AKSORONE (DJO) disebut NUKAT GHAIB,banyune nurmani,segarane layar putih,gedhonge kumalah arane RIRIS TANGIS.

2.BAYI UMUR 2 WULAN AKSORONE (Y0)di sebut KOAT GHAIB, banyune nur buat,segarane rante arane KISMO DJATI.

3.BAYI UMUR 3 WULAN AKSORONE (NYO) disebut RIDJALOLAH GHAIB,banyune NUR ROSO,segarane KUMOLAH , arane HYANG WIDHI.

4.BAYI UMUR 4 WULAN AKSORONE (MO) disebut RIKMO DJATI.banyune NUR KUMORO DJATI,SEGORONE BINDARI SUCI ,ARANE SANG HYANG ADJI.

5.BAYI UMUR 5 WULAN AKSORONE (GO) disebut DJO KUMOLO , banyune NUR KISMOYO, segarane IMOLOYO, arane SANG HYANG BRAHMO wujude SEDULUR 5(LIMO).

6.BAYI UMUR 6 WULAN AKSORONE (BO) disebut ROSO HENDRO MOYO,banyune NUR CAHYO,segarane KUMORO DHANU, arane MANU MANINGKEM MANUNGGALE KAWULO LAN GUSTI WUJUDE ROSO 6 (NEM)PRAKORO.

7.BAYI UMUR 7 WULAN AKSORONE (THO) disebut WARINGIN SUNGSANG banyune TALI ROSO,ROSO TALI,segarane segoro MADU NIRMOLO,arane HERU SETO DJINGGO MOYO DJATI. wujude KAWAH- ARI ARI.

8.BAYI UMUR 8 WULAN AKSORONE (NGO) disebut MAYANG KUMORO SARI, banyune MANIK GITO,segarane CUPU PURBO MISESO arane DJONO LOKO DJATI,wujude KAKANG MBAREP ADINE WURAGIL.

9.BAYI UMUR 9 WULAN AKSORONE (WI-WO) disebut HENDRO LOKO DJATI banyune NUR TIRTO MOYO,segarane TANPO TEPI arane SASTRO JENDRO YUNINGRAT WUJUDE SADAD TANPO SABDU.
banjur bayi lahir BYAR PADHANG.DJAGAT GUMELAR WUJUDE LINTANG DJOHAR DUMADI INGSUN
KANG SINEBUT AYU LINTANG AL GHONIYYU.


PANGERTEN BAB DUNUNGE ANGKORO KANG MANGGON ONO TRILOKO /JAGAD TETELU
-----------------------------------------------------------------------------------------------------------

TRILOKO KAPILAH DADI 3 PRAKORO
---------------------------------------------
1.GURU LOKA :ono ing pikir.
2. INDRO LOKA:ono ing ati/manah/poncodriyo.
3.DJONO LOKO : ono ing syahwat(blegere ono ing zdakar.
yen angkoro pinuju ono ing GURU LOKA (PIKIR)manungso kepingin DRAJAD-SEMAT-KRAMAT.
yen angkoro pinuju ono ing INDRO LOKA/PONCO DRIYO.manungso kepingin MENANG DEWE,KUWAT DEWE UNGGUL DEWE.
yen angkoro pinju ono ing DJONO LOKA yo iku SYAHWAT yen krodo ngidap- ngidapi jer triloka mau kasebut papan KEDHATONE GUSTI, yen ngantiyo JAGAD TETELU mau kabeh kaleker ing (dene) angkoro prasasat manungso urip iku ngingu DOSO MUKO lha yen mangkono kito kabeh banjur rugi ora biso nompo PEPADHANGING GUSTI yen mangkono mau tansah kito umbar mesti bakal dadi rubedaning ing NGAGESANG (URIP) yo koyo mangkono iku yen manungso LURU ILMU TANPO LAKU.

SAMPURNANING DUMADI
---------------------------------
manungso kudu weruh dununge TIRTO PAWITRO MAHENING SUCI.
TIRTO = BANYU.
PAWITRO = PANGURIPAN.
MAHENING=WENING/BENING.
SUCI =RESIK.
iku dumunung ono ing DIRI PRIBADINE dewe dewe.carane kudu laku ono alam lakyono yo ALAM MATI SAK JERONING URIP ngungak menyang ALAM LOKANTORO/ALAM JATI/ALAM LANGGENG.
LOKANTORO tegese wates/antoro. wates antarane ALAM ALUS lan ALAM KASAR. ing kono ono wewujudankoyo dene gumuk TAWON GOLEK JUMONO yo iku wewujudane sedulur kito kang aran,KAWAH -ARI ARI. golek jumono ,gatrane bakal manungso,ing kono bakal anyurupi dalan prapatan yo wewujudan 4 prakoro .yo cahyo 4 prakoro.
cahyo abang iku jagade KANEPSON.
cahyo kuning iku jagade KASENENGAN.
cahyo putih iku jagade KASUCIAN/SUCI
cahyo ireng iku jagade KAROSAN/KEKUATAN.
MANUNGSO mbesuk yen bali ,tetep kudu milih SUCI dalan kang putih ,ing kono bakal biso sowan mring GUSTI KANG MOHO SUCI.


.mugi krenteg e manah meniko tansah hambegawan cipto ning ..lan sedoyo ingkang kawedar wau tansah andadosaken pangenget khususipun ten diri pribadi kulo meniko..

monggo nderekaken minggah ing sanggar pamujan hanetepi darmaning agesang nggayuh pakarti manungso ,mahening suci lungguhing pribadi,mawas raos sak jeroning batos,madhep manthep,manther,manembah mring gusti engkang moho suci.

(sedulur papat njobo)lan (sedulur pitu njero)kepribadian nggayuh pakarti maungso jati
---------------------------------------------------------------------------------------------------------
!.assalamualaikum sedulur pribadiku sing manggon ono ing wetan..putih rupane asal usule soko saripatine lemah kang duweni sifat mutmainah kang aran(...............).
2.assalamualaikum sedulur pribadiku sing manggon ono ing kulon ...kuning rupane asal usule soko sari patine banyu duweni sifat sufiah kang aran (..........)
3.assalamualaikum sedulur pribadiku sing manggon ono ing lor ireng rupane asal usule soko sari patine angin kang duweni sifat aluamah kang aran (...........)
4.assalamualaikum sedulur pribadiku sing manggon ono ing kidul abang rupane asal usule soko sari patine geni kang duweni sifat amarah kang aran(...........)

(sedulur pribadi pitu njero)
1.assalamualaikum sedulur pribadiku kang aran(......) sing mangon ono ing epek2 tangan loro lan sikil loro.
2.assalamualaikum sedulur pribadiku kang aran(......)sing mangon ono ing ayang ayang,
3.assalamualaikum sedulur pribadiku kang aran (......)sing manggon ono ing wulu sakm kojur awak.
4.assalamualaikum sedulur pribadiku kang aran(.......)sing manggon ono ing igo wekas sisih kiwo.
5.assalamualaikum sedulur pribadiku kang aran(.......)sing manggon ono ing igo wekas sisih tengen.
6.assalamualaikum sedulur pribadiku kang aran(.......)sing manggon ono
telenging kalbu.
7.assalamualaikum sedulur pribadiku kang aran(.......)sing manggon ono ing ubun ubun.

(kunci sangkan paraning dumadi)
-----------------------------------------
hyang sukmo sejati seksenono ingsun kirim gondo arum kang dak kirim sedulurku kang lahir bareng sedino kang dak sebut kakang kawah -adi ari ari kakang mbarep adine wuragil...kang adoh tanpo wangenan cedak tanpo senggolan yo iku titipane wong tuwaku lanang lan wadon ,kakang kawah- adi ari ari moro tampanono kiriman gondo arum iki,dak suwun jumbuh dadi siji karo syang hyang sukmo sejati..



(bibit dumadisangkan paraning dumadi)
-----------------------------------------------
tes putih soko bopo tes abang soko biyung wujud gedong cagak papat lawange songo gumantung tanpo centelan isen isene HYANG SUKMO SEJATI..lungguhe ono batinku kang suci ,kanggonan wekasan URIP SEJATI,kang aran DAT lan SIFAT weruh sakdurunge winarah tetep madhep manthep langgeng sak kodrat ingsung dadio sak ciptaningsun..


BAB UGERING NGAURIP,BAB URIPE LAN TRI PRAKORO
-------------------------------------------------------------------

UGERE URIP
---------------
UGERE URIP= utowi sing di arani patokan/gegebengane wong urip.
TRI PRAKORO
------------------
dununge ono=WIRYO,HARTA,TRI WINASIS
------------------------------------------------------
1.WIRYA
-----------
tegese ngaluhur/trahe wong gede,dununge ing kene sing luhur lan gede-iku
BUDINE LAN DRAJAT URIPE nanging ing kene mowo pangerten trahing ngaluhur durung mesti yen luhur,darahe biso ugo luhur nanging watak e biso ugo jahat.
conto:begawan wisrowo iku wiku tur luhur...kaluhurane di percoyo marang prabu SUMALI...ananging keno opo putrane kang aran DOSOMUKO kok ora luhur,malah kacarito dadai gelah-gelahing bumi leleteke jagad,
BEGAWAN DURNO iku pandito(resi) ugo putro BEGAWAN BARAT WOJO keno opo watake culiko palsu lan drengki..

SANTRIN KINONO kamongko wong pidak/pidacakan/ananging deweke LURUS ATINE LAN LUHUR BUDINE SANTOSO BATHINE buktine biso tetulung marang darah barata pandowo lan kalis soko beboyo kobongan soko patrape poro kurowo.dadi tembung LUHUR iku dumunung ono ing BUDI ora ono ing turun.

2.HARTA.
-----------
tegese donyo brono/sugih/nanging pangerten ing kene ora mung sugih ROJO BRONO nanging sing perlu sugih KAWERUH sugih NGELMU.iku bakal sugih pangapuro sugih panarimo sugih sabar sugih temen sugih pangati ati sugih sedulur rukun sak podo podo jalaran kaweruhe warno2 biso mumpuni lan akeh kadang kadange..

3.WASIS
-----------
ing kene mowo teges PINTER,wong pinter lan akeh kaweruhe iku ora bakal susah lan kuwatir ing mburine,pokok pintere mau ora kango minteri konco -kancane utowo kanggo tumindak sanubarang kang ora apik/nerak angger- anggere ngaurip, dadi telu -telu mau kabeh kito biso ngregem/kadunungan/nanging-yen telu2 mau/telung prakoro/sirno tilasing jalmo ateges sirno manungsane sing kari amung sifat kewane.koyo mangkono mau yen manungso ora merlokake UGER2ING NGAURIP termasuk ora waspdo marang sifate TRI PRAKORO(WIRYO,HARTO,TRI WINASIS).