Senin, 14 September 2009

URIP KANG SINEMBAH

URIP KANG SINEMBAH



1. Sapa kang manggula wentah ragane manungsa - iya URIP

Kang ngobahake ragane manungsa iya URIP

Kang muna ija URIP

Kang krasa - rumongsa – ngrasake iya URIP

Mula URIP kang sinembah . Marga URIP kang pinilih sekalir Datan liya kajaba URIP

URIP kang sinembah sakabehing Urip (sedarum )

Amarga URIP kang kagungan kang mengkoni sakabehing kahanan.



2. Kahanane wujud

Wewujudan kang gumelar aneng ngalam donya

Iku kabeh den wengkoni URIP

URIP kang kagungan purbawasesa

Kang nguwasani kabeh kahanan

Mula URIP kang gawe gelar gulung , ana saka dene URIP

Datan ana saka dening URIP

URIP iku yekti . URIP kang mahanani sakabehing kahanan

Mula sesembahan nyata iya mung URIP

Bukti luhur luhuring URIP

Kang gumelar aneng ngalam donya , kang sarwa semi – menyemi

Iku Yektine URIP



3. Nora gampang lungguh aneng jagad anyar

Ora bisa den lakoni bathin agama lan ngelmu

Tangeh lamun jenengsiro bisa tumeka

Lamun jenengsira tan ngerti mring KUNCI nipun ,iku kuncining gesang

Maha suci kang mahanani , MAHA SUCI sesebutan INGSUN

Iku tumrap sakabehing manungsa Urip

Kang tumitah aneng ngalam donya.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar