Sabtu, 05 September 2009

G U R U

G U R U
Iki pratelane wajibing wong kang pantes dadi guru, ana wolung prakara :
Bangsaning Awirya, tegese bangsa luhur, kang isih kadrajatan.
Bangsaning Agama, tegese bangsa ulama, kang alim ing kitab.
Bangsaning Atapa, tegese bangsa Pandita, kang tansah ulah laku.
Bangsaning Sujana, tegese bangsa linuwih, kang dadi wong becik.
Bangsaning Aguna, tegese bangsa pinter, kang ulah kabisa.
Bangsaning prawira, tegese bangsa prajurit, kang isih kasawur prawirane.
Bangsaning Supunya, tegese bangsa sugih, kang isih kabegjan.
angsaning Susatya, tegese bangsa tani, kang temen.

Dene panganggoning wong dadi guru ana wolung prakara :
Paramasastra, tegese limpad ing sastra.
Paramakawi, tegese putus ing kawi.
Mardibasa, tegese memantes tembung.
Mardawalagu, tegese bisa gawe lemesing lelagon.
Mawacarita, tegese sugih carita.
Mandraguna, tegese sugih kabisan.
Nawungkrida, tegese lantip ing panglepasan.
Sambegana, tegese engetan.

Uger-ugering wong dadi guru ana wolung prakara :
Asih ing murid, dianggep anak putu.
Tulaten pamulange, ora mawa wigah-wigih.
Lumuh ing pamrid, ora duwe pangarah apa-apa.
Tanggap ing sasmita, bisa anampani pasemoning murid.
Sepen ing pangrayangan, ora dadi kira-kiraning murid.
Ora ambalekake pitakon.
Ora angendak kagunan.
Ora amburu aleman, angunggul-unggulake kapinteran.

Utamane wong dadi guru ana wolung prakara :
Mulus ing sarira, ora ana cacade.
Alus ing wicara, ora sok memisuh lan supata.
Jatmika ing solah.
Antepan bebudene.
Paramarta lelabuhane.
Patitis nalare.
Becik labete.
Ora duwe pakareman.


M U R I D

Iki pratikele wong kang wajib dadi murid, ana wolung prakara :
Tedak turun.
Tunggal bangsa.
Tunggal agama.
Tunggal basa.
Sumurup ing sastra.
Wis kaliwat tengah tuwuh.
Tanpa lelara.
Tanpa kuciwa.
Wenanging dadi murid, ana wolung prakara :
Nastiti.
Nastapa.
Kulina.
Santosa.
Diwasa.
Engetan.
Santika.
Lana.
Mokaling dadi murid, ana wolung prakara :
Edan.
Ayan.
Wuta.
Tuli.
Bisu.
Bocah durung dewasa.
Wong tuwa kang wis lali.
Wong lara banget kang wis lali.
Panganggoning dadi murid, ana wolung prakara :
Angimanake, sirik yen maidowa.
Angatonake, sirik yen anapekena.
Anastitikake, sirik yen anglirwakna.
Anerangake, sirik yen anyuala.
Amusawaratake, sirik yen amiyagaha.
Anggelarake, sirik yen angumpeta.
Anglulusake, sirik yen ambatalena.
Anindakakake, sirik yen angenengena.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar